Selasa, 22 Februari 2011

LAGU JAWA METAL TOBAT

LIR –ILIR
Lir- ilir lir-ilir
tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo tak senggoh temanten anyar
Cah angon cah angon penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno kanggo mbasuh dodotiro

Dodotiro-dodotiro kumintir bedhah ing pinggir
Dondomono jlumatono kanggo sebo mengko sore

Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
sur surako surak hore…

LINGSIR WENGI
Dzikir wengi sepi-sepi eling dosa
Ra kroso luh ing mata pada mili
Wiridane mung tasbehan lan dzikiran
Ra ngiro yen biso madhangke ati

Banjur yen tak tliti aku dewe kang ngingkari
Ing nikmate cilik gedhe tobat-tobat sopo

Rino wengi sing tak puji among gusti
Janjine oleh ganjaran kang mesthi.

LANGAR WALI
Mas mas mas ojo podo lali
Mas mas mas nggolek sangu mati
Sangune mati ora rojo brono
Nanging iman ilmu amal sampurno
Jaga ahlake tur netepi ing agomo
Ra usah sing neko -neko

Kudu sing eling mas maring kang kuwoso
Ojo di tinggal kewajiban solat limo

Mas mas mas ojo podo lali
Mas mas mas akhir zaman iki
Akeh banget preman ngaku nabi
Reka-rekane tapa lan semedi
Saranene oleh wahyu ing gunung cimahi

Wis ora ngerti ing agomo
Iman opo maneh mas wis ora di gowo
Jarene nabi tulis arab ko ora ngerti


SENGSORO
Sengsoro sengsoro uripe anakwami wong tuwo
Ciloko ciloko uripe sesat ora guno

Umure ra dowo rizkine ra ono mati olo
Kabeh amale sirno agamane tibo tanpo guno

Sengsoro sengsoro uripe pemimpin krono dunyo
Ciloko ciloko atine kabeh laku dosa

Omonge ra jujur seneng rakyat hancur ngalor ngidul
Lakune ora bener koyo wong keblinger kroso bener

OJO SOMBONG
Bong ojo sombong 3*

Ceritane zaman akhir iki
Manungso kabeh podo lali
Senengane malah mabok judhi
Saben dino podo mulih wengi

Ono ugo ingkang mbebayani
Anak bojo kabeh podho lali
Opomaneh kewajiban suci
Manyembah ing ilahi robi

He la kae manungso di obong [DI OBONG 2]
Ing neroko dhuh konco sebabe dho sombong
Ora ngerti po maning agomo [AGOMO 2]
Senengane malah gawe dosa

Ojo sombong dhuh konco ojo podho sombong
Wong yen sombong dhuh konco bakale ke obong

BOJO 2
Ora gampang ngaku wong islam
Yen uripe mas ra gelem sembahyang
Kuwi arane islam KTP
Islame nylempet ing dhompete

Mulo ayo podho nglakoni
Dhawuhe gusti kang moho suci
Kito nindake kabeh dhawuhe
Ojo naming sak kepenake

Limang waktu lakonono
Ojo mung tungkul luru donya
Donya iku mung sadhelo
Yen ketemu bakale lungo

MAS JOKO
Mbok sing eling mas urip ono alam dunyo
Kudu manut dhawuhe sing maha kuwoso
rino wengi direwangi niba tangi
krono arep murih rido ilahi

pancen bener dek urip ono alam dunyo
ojo nganti podo seneng neko-neko
mulo ayo mas kito kabeh podho taat
ojo nganti podho seneng nglakoni maksiat

Ayo podho muji dek mring kang moho suci dek
Wong rumongso di paringi
Kito nindakake maring kabeh dhawuhe
Insya allah mas biso anglakoni

Ayo podho muji dek mring kang moho suci dek
Wis rumongso entuk riski
Mulo wajib syukur mring gusti kang moho luhur
Mugo-mugo mas donya akherate makmur

REFORMASI
Bola bali wis di kandhani yo pak yo
Bola bali wis diwehi ngerti yo pak yo
Ojo podho rebutan kursi ugo podho ojo podho kurupsi

Bola bali wis di elingno yo pak yo
Bola bali diwehi conto yo pak yo
Golek dhuwit kudu sing aso
Mengko mesthi bakale teko
Gusti alloh paring rido

GOLEK NGILMU
Awan bangi golek ngilmu
Direwangi ora turu
Sampek awak podo linu
Krono mumet ngaji nahwu
Nuntut ilmu agomo
Siro ora bakal tuwo
Sebab biso nulungi siro
Yen sampeyan mlebu neroko
Ayo podo ngaji tenan
Timbang nongkrong ning jalanan
Kanggo sangu yen wis mati
Ben sampeyan ora rugi

SOLAT SUJUD [halo dang dut]
Ayo ayo ayo
Yang yang yang ayo podo sembahyang
Jud jud jud tawakal lan sujud
Yang sembahyang –sembahyang yang [ayo podo sembahyang]
Sujud ….sujud …..sujud….sujud……
Ayo konco-konco ngedeke sembahyang
Ojo podho seneng nglakoni maksiat
Sujud maring zat kang moho kuwoso
Iku kewajiban kito
Ayo konco konco-konco ngedeke solat
Ojo podho seneng nglakoni maksiat
Ugo ojo podo ngumbar aurat
Sebabe iku dilaknat
Alloh……alloh….alloh……..


PRAU LAYAR [SOLAT MBENGI]
Yo konco podho solat mbengi
Eling ing gusti kang agawe bumi
Dzikir sholawat iku mesti
Biso ndadekke ing padhange ati

Dosa lan luput kang ono
Ilang lan bakal di ngapuro
Ojo jemu-jemu dzikir wayah ndalu
Biso ngilangake mangkel nesu

Gek dho tangi mas, ayo solat bengi
Ra usah suwi sing penting gumati
Luwih becik nyerah marang gusti
Dene esuk-esuk ojo lali golek rizki





GODO GENI……………
Godo geni sing bakal kanggo nggebugi
Rantai geni sing bakal kanggo naleni
Sarwo nggegirisi ning wetenge bumi
Munkar nakir iku kang bakal nakoni
Godo geni sing bakal kanggo nggebugi
Rantai geni sing bakal kanggo naleni
Nanging ojo wedi yen kebak sangune
Amal ibadahe rikolo uripe
Neng kono dewe ra ono kancane
Tulung-tulung ra ono sing nulungi
He neng kono arep sambat karo sopo
Becik slamet sing doso bakal ciloko
Godo geni Rante geni nggegirisi - ngngegirisi
Godo geni Rante geni nggegirisi - opo ra wedi

Gusti Alloh kullo nyewun panyekseni 0000X kang sampun
Kullo lampahi ….mugi-mugi gusti kerso ngapurani
Insya Alloh gusti alloh ngijabahi …………………..

http://www.bloggaul.com/audiannur/readblog/110988/lagu-jawa-metal-tobat
muhi – rabu 03 03 10

1 komentar:

rio_nurdiyanto mengatakan...

assalamualaikum .. ngapunten nki admine lare pundi nggeh ??? penah teng pondok npa dereng ???