Sabtu, 05 Februari 2011

Lagu Jawa Islami (karya/arr by Pak Kentoet Haryadi)

Lagu Jawa Islami (karya/arr by Pak Kentoet Haryadi)
1. Assalamu'alaikum

assalamu'alaikum para pamiyarsa
rahmat lan berkah pangeran muga pinaringna
ing dina kang endah sarta minulya
nggen kita sowan iki binareng rasa tresna
kiniringan ukhwah tinalenan iman
amalna sifat luhur salamining bebrayan solo: salawat
koor : shalawat
solo : lan salam
koor : lan salam
solo : konjuk Rasul junjungan minulya
solo : muga-muga
koor : muga-muga
koor : kabeh kita
koor : kabeh kita
solo : antuk berkah rahmating Ilahi

sholallohu robbuna 'alan nuril mubin
ahmadal musthofa sayidil mursalin
sholallohu robbuna 'alan nuril mubin
ahmadal musthofa sayidil mursalin


2. Gusti Allah Nyuwun Ngapuro

ana tangis layung-layung
tangise wong wedi mati
gedhongana kuncenana
wus pesthi mangsa wurunga

gusti Allah kula nyuwun ngapura 3x
sakathahing dosa kula dosa ageng kalawan dosa alit
mboten wonten ingkang saget ngapura 3x
kajawi kang Maha Agung kang ngratoni sakathahing para ratu
hiya iku Allah asmane 3x
kang kagungan sifat Rohman sarta ingkang kagungan sifat Rahim
astaghfirullahal adzim 3x
astaghfirullahal adziim innalloha ghofurur rahiim

astaghfirullahal adziim, astaghfirulloah adziim, astaghfirullohal adziim, astaghfirullohal adziim, astghfirullohal adziim, astaghfirullohal adziim, astaghfirullohal adziim


3. Tareh Joko Tingkir

iki syingir mbabar tarekh kang utama, lelagone tinulis kanthi prasaja
kanggo tepa tulodha kawula mudha, nggone padha mersudi jiwa lan raga
kiniringan seni rodat salawatan, ngalab berkahe Njeng Nabi serta Pangeran
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

tarekh iki dumadi jaman semana, nalikane Njeng Sultan Raden Trenggana
Ngasta tampuk Negari Demak Bintara, gemah ripah loh jinawi kerta raharja
cinarita wonten kaneman pideksa, kang mangkone mengku pangembating praja
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

mas Karebet putra Ki Kebokenanga, cilik mula den wuruk lantiping rasa
ngasah ngelmu raga lan kawruh agama, tapa brata ngurangi dhahar lan nendra
tan rinasa yuswane ngancik dewasa, Mas Karebet pamitan marang Keng Bapa
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

mas Karebet sowan ngulama waskita, tlatah Tingkir padhepokan kang sinedya
dhasar lantip lan wasis samubarange, kinasihan dening guru lan mitrane
lanang wadon padha kepencut atine, Jaka Tingkir katelah dadi asmane
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

madhep mantep badhe sowan Sultan Trenggana, nitih gethek nlusur kali Bengawan Sala
sigra milir sang gethek lampahnya alon, siang ratri tan kendhat nggone memuji
nyuwun sihrahayu slamet nggenya lungan, tinebihna saking godha lan rubeda
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

nalikane mgancik tlatah kedhung srengenge, gusti Allah ngersakke paring pacoban
gethek kinepung bajul sekawandasa, bandayuda adu kaprigelaning raga
bajul asor didoske mitra setya, lega lila ndherek tindake Sang Jaka
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

ki Ageng Butuh iku pirsa samubarange, Jaka Tingkir sowan marang katimbalan
pinaringan onga slamet lan sholawatan, lahir bathin iku kang dadi lakune
aja Adigang Adigung Adiguna, Aja Dumeh sira unggul ing ayuda
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

ontran-ontran kebo edan tan linawan, Kanjeng Sultan banjur paring patembayan
sinten bisa ngalahke amuking kewan, badhe kapundhut abdi kang kinasihan
Jaka Tingkir banjur cancut taliwanda, kebo edan manut parentahing Jaka
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

jaka Tingkir gagah bagus lan pideksa, fasih ngaji Quran trampil lan prakosa
wicaksana lan hambeg parama arta, adoh saking manah sirik lan dursila
sinuyudan para kadang anom tuwa, sayuk rukun ayem tentrem kertaraharja
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram

wusanane Jaka Tingkir antuk nugraha, pinaringan kalenggahan kang utama
Sultan Pajang kang ginelar Hadiwijaya, welas lan asih maranga sapadha-padha
iku kabeh wus kinodrat dening Pangeran, sinten mawon ingkang badhe katimbalan
allahumma antas salam wa minkas salam, tabarakta ya dzal jalaali wal ikram



4. Wirid

astaghfirullah robbal barooya astaghfirulloh minal khotooya 2x
urip aneng ndonya ora salamine, den paribasakna amung mampir ngombe 2x
mula aja lali salat den tindakna, dzikir tahlil wirid nambahi sampura
astaghfirullah robbal barooya, astaghfirulloh minal khotooya 2x
wajibe sang bapa marang garwa putra, aweh panuntun sajroning bebrayan 2x
wiwobbal barooyaaghfirulloh rit cilik mula padha dikenalna, maca alfatikhah nganti katam Quran
astaghfirullah robbal barooya astaghfirullah minal khotooya 2x
Quran iku mono kalame Ilahi, yen kawaos bisa dadi tamba ati 2 x
tebih saking rasa serik srei drengki, pinaringan tentrem Allohumma Amin
astaghfirulloh robbal barooya astaghfirulloh minal khotooya


5. Bismillah

bismillah
paringana slamet
amin amin amin
donyane lagi nandhang ruwet
noleh ngiwa nengen tambah mumet

bismillah
paringana rahmat
amin amin amin
donyane wus cedhak kiamat
aja lali dha nindakke shalat

bismillah
paringa ngapura
amin amin amin
bapa biyung sanak kadang kula
mugiyo dadi ahli suwarga

allohumma sholli ala Muhammad, kama shollaita 'ala Ibrahim
allhohumma barik 'ala Muhammad, kama barokta 'ala Ibrahim


6. Isma' ayuhal ikhwan

isma' ayyuhal ikhwan
penjeriting ati
jaman sansaya edan
jahiliyah modern
atur kula puniki
minangka jampi
salawatan singiran prasaja
ngalab berkahing gusti

isma' ayyuhal ikhwan
kanan kering kita
masjid banjir jamaah
nanging sepi hidayah
Qur'an kanggo pajangan
ngajine ganti koran
wiridane nonton televisi
lali dhawuhing Gusti

isma' ayyuhal ikhwan
kahanan puniki
rakyat butuh panutan
kanggo urip bebrayan
ayo padha gumregah
hai ummat Islam
amar ma'ruf saha nahi munkar
nggayuh ridho Ilahi


7. Salawat badar

solatulloh salamulloh ala thoha rasulillah
sholatulloh salamulloh ala yasin habibillah

eling-eling sira menungsa
temenana anggonmu salat ngaji
mumpung durung katekanan
malaikat juru pati

solatulloh salamulloh ala thoha rasulillah
sholatulloh salamulloh ala yasin habibillah

luwih lara luwih susah
rasane wong ana neraka
klabang kurais kalajengking
gada geni rante geni

solatulloh salamulloh ala thoha rasulillah
sholatulloh salamulloh ala yasin habibillah

luwih mulya luwih mukti
rasane wong ana suwarga
pitung puluh loro widodari
kasur babud permadani

solatulloh salamulloh ala thoha rasulillah
sholatulloh salamulloh ala yasin habibillah


8. Ular-ular

allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin
iki syingir ular-ular kang utama
kanggo para muda kang ngancik dewasa
kiniringan seni rodat salawatan
ngalab berkahe Njeng Nabi serta Pangeran
allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin
wadon mono pinilih telung prakara
kang kapisan piniji ayuning rupa
kaping pindho nggone ngibadah agama
kaping telu sokor bage sugih bandha
allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin
aja dumeh dadi lanang kudu menang
garwa iku mangka sigaraning nyawa
ana rembug becike padha dirembug
aja nganti cengkiling lan adu gebug
allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin
pratikele wong kang badhe pala krama
dudu bandha dudu rupa kang jinangka
satemene amung ati pawitane
ayem tentrem swargo ndonya salamine
allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin


9. Ya Nabi Salam Alaika

ya Nabi salamun alaika
ya Rasul salamun alaika
ya Habib salamun alaika
Salawatullohi alaika

anta syamsun anta badrun
anta nurun fauka nurin
anta iksirun wa gholi
anta misbahus suduri

ya habibii ya Muhammad
ya aruusyol khoofiqoini
ya muayyad ya mumaajad
ya imaamal kiblataini

ya Nabi salamun alaika
ya Rasul salamun alaika
ya Habib salamun alaika
Solawatullohi alaika


10. Gusti

gusti nyuwun pangkasami
gusti nyuwun pangaksami
ing siang puniki
yaumil idil fitri
lebura dosa wak mami
pulih kados wingi uni


11. Rukun Islam

rukun Islam akehe ana lima
siji shadat kapindho nglakoni salat
kaping telune nekani aweh zakatul mali
lamun cukup bandhane genep saknisab
kaping papat wulan Ramadhan pasa
munggah kaji rukun kang kaping lima
mring baitullah sedyane lamun cukup sangune
lan mesthine dalane pinuju menga


12. Tombo Ati versiku

ilahi lastu lil firdausi ahla
wa la aqwa alan naril jahiimi
tamba ati iku ana limang perkara
kaping pisan maca quran sakmaknane
kaping pindho salat sunat lakanana
kaping telu dzikir wengi ingkang suwe
kaping papat wetengira ingkang luwe
kaping lima wong kang soleh kumpulana
salah sawijine sapa bisa ngelakoni
insya Allah Gusti Pangeran ngijabahi
kaping telune nekani aweh zakat tetapi


13. Ular - ular Penganten Anyar

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal juudi wal karoomi

aduh senenge temanten anyar, ngagem busana sarwa gumebyar
kakung lan putri lenggahe jajar, sinawang kaya rembulan kembar

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi

penganten kakung kaya permadi, putrine ayu kaya srikandhi
loro krone rinengga asri, sinawang endah ngresepke ati

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi

layare manten tinata rapi, warnane lampu gili gumanti
yen kuning urip abange mati, sing abang urip kuninge mat

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi

kabeh tamune atur pandonga, kagem penganten siniram ridho
mugi enggala pinaring putra, sholeh solikah bekti wong tuwa

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi


14. Eman

Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim
eman-eman temen wong bagus ora sembahyang 2x
kowe bagus endi karo kanjeng nabi Yusuf
kanjeng nabi Yusuf baguse tanpa tandingan
Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim
eman-eman temen wong ayu ora sembahyang 2x
apa ora isin karo Siti Zulaikha
Putri gandhes luwes ayune uleng-ulengan
Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim
eman-eman temen wong sugih ora sembahyang 2x
kowe sugih endi karo kanjeng nabi Sulaiman
kanjeng nabi Sulaiman sugihe tanpa wilangan
Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim
eman-eman temen wong pinter ora sembahyang 2x
kabeh tumindake ora nate gelem bener
janji dielingke alesane mubeng munyer
Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim


15. Rukune Islam

allahul kaafi rabbunal kafi, qashadnal kaafi wajadnal kaafi
likulli kafin kafaanal kafi, wa ni'mal kaafi alhamdulillah
para sedulur padha mrenea, ayo sinau ngelmu agama
kanthi lelagon syingiran jawa, genjring rebana kang wis kaloka

allahul kaafi rabbunal kafi, qashadnal kaafi wajadnal kaafi
likulli kafin kafaanal kafi, wa ni'mal kaafi alhamdulillah
rukune Islam lima wernane, pisan sahadat loro cacahe
nglakoni salat kaping pindhone, isak subuh luhur asar lan maghribe

allahul kaafi rabbunal kafi, qashadnal kaafi wajadnal kaafi
likulli kafin kafaanal kafi, wa ni'mal kaafi alhamdulillah
kaping telune menehi zakat, zakatul fitri zakaatul maali
marang sedulur kang wolung asnaf, lamun bandhane genep saknisab

allahul kaafi rabbunal kafi, qashadnal kaafi wajadnal kaafi
likulli kafin kafaanal kafi, wa ni'mal kaafi alhamdulillah
kaping papate ramadon pasa, jangkep sewulan tan kena cidra
kaping limane ibadah haji, wulan dzulhijjah mring tanah suci

allahul kaafi rabbunal kafi, qashadnal kaafi wajadnal kaafi
likulli kafin kafaanal kafi, wa ni'mal kaafi alhamdulillah
sintena ingkang cukup yuswane, wajib nindakke lima kabehane
ndonya akhirat tentrem uripe, amin Ya Alloh, Allohumma Amin

allahul kaafi rabbunal kafi, qashadnal kaafi wajadnal kaafi
likulli kafin kafaanal kafi, wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Tidak ada komentar: